Minggu, 22 Mei 2011


RANGKUMAN BAHASA JAWA

  • Pembagian Stuktur kalimat ono telu yoiku : JEJER (subjek) + WASESO (predikat) + LESAN (objek)
    Contone : Toni Mangan Roti à Toni (jejer) + Mangan (waseso) + Roti (lesan)
  • JENISING TEMBUNG (Jenis Kata)
NO
JENIS TEMBUNG
KETERANGAN
CONTONE
1
Tembung Aran
Kata benda
Mejo, kursi, omah, lemari, lsp.
2
Tembung Kriya
Kata kerja
Mangan, turu, ngarit, mlayu, lsp
3
Tembung Ganti
Kata ganti
Aku, kowe/koen, dhewek’e, bapak, Toni, Tini, lsp
4
Tembung Wilangan
Kata bilangan
Siji, loro, telu, titik, setengah, akeh, lsp
5
Tembung Sifat
Kata sifat
Seneng, susah, apik, elek, abang, ireng, lsp
6
Tembung Katrangan
Kata keterangan
Pinggir, tengah, ngarep, mburi, dhuwur, ngisor, lsp
7
Tembung Seru
Kata seru
Lho, wah, ah, aduh, tulung, lsp
8
Tembung Sandhangan
Kata sandang
Pak, Buk, Raden, Kyai, Gus, lsp
9
Tembung Panyambung
Kata sambung
Lan, utawa, mulane, ugo, lsp
10
Tembung Pengarep
Kata depan
Sing, mung, saka, yen, lsp
   

  • JENISING UKARA (Jenis kalimat)
NO
JENIS UKARA
KETERANGAN
CONTONE
1
Ukara Kandha
Kalimat langsung
Pak guru ngendika “ Hasan, kowe kudu sing sregep sinau”
2
Ukara Crita
Kalimat tak langsung
Pak guru ngendika supaya Hasan sregep sinau
3
Ukara Tanduk
Kalimat aktif
Hasan moco buku
4
Ukara Tanggap
Kalimat pasif
Buku diwaca Hasan
5
Ukara Pakon
Kalimat perintah
Hasan, jupukno bukuku ono ndek dhuwur mejo
6
Ukara Panjaluk
Kalimat permohonan
Hasan, mreneho tak paringi klambi
  • PEMBAGIANE TEMBUNG
Tembung dibagi dadi telu yoiku :
1.       Tembung Ngoko            = digawe ngomong karo wong sing pernah sa’ngisore (guru marang murid / wong tuwo marang anak)
Contone : Hasan tuku klambi
2.       Tembung Krama Madya = digawe ngomong karo wong sing pernah sa’padhane ( kanca karo kanca)
Contone : Hasan tumbas rasukan
3.       Tembung Krama Alus     = digawe ngomong karo wong sing pernah sa’dhuwure (murid marang guru / anak marang wong tuwo)
Contone : Hasan mundhut rasukan
  • PEPINDHAN à kalimat perumpamaan
    Contone : Ayune koyo Dewi Ratih, Bantere koyo angin, Aluse koyo sutro
  • SANEPO à kalimat perumpamaan kosok balen / sindiran
    Contone : awak’e kuru semongko = lemu banget, Abot kapuk = enteng banget, Pait madu = legi banget
  • TEMBUNG SAROJA à tembung loro kang podho tegese sing dagandeng dadi siji
   Contone : Adhem ayem, gagah prakosa, guyup rukun, sabar nrimo, sopan santun, tata karma, tepo  seliro, wadyo bala.
  • TEMBUNG GARBA à tembung loro kang digandeng dadi siji
    Contone : Lumebeng (mlebu + ing), Tumekeng (tumeko + ing), Priyagung (priya + agung)
  • TEMBUNG ENTAR à yoiku tembung istilah
   Contone : Dawa tangane = senengane nyolong / Dawa ususe = sabar / Lambe tipis = criwis / Lunyu ilate = mencla mencle
  •   TEMBUNG KANG PODHO TEGESE (Sinonim)
Contone : Asma = jeneng / Wukir = gunung / Waspada = ati-ati / Prigel = terampil / Becik = apik / Tuladha = conto.
  • TEMBUNG KOSOK BALEN (Antonim)
Contone : Atos x empuk / Kaku x lemes / Rendeng x ketigo / padhang x peteng / Mati x urip / Akeh x setitik / Tipis x kandel.
  • TEMBUNG RUPA BASA à yoiku tembung salah kaprah kang wis dadi istilah.
Contone : Adang isuk = adang wayah isuk / menek klopo = menek wit klopo / Nduduk sumur = nduduk lemah kanggo sumur /
                Nggodog wedang = nggodog banyu kanggo wedang / ngulek sambel = ngulek bahane supoyo dadi sambel.
  • v     TEMBUNG KERETA BASA à yoiku tembung sing duwe duweni arti khusus
Contone : Brekat = mak brek diangkat / Guru = digugu lan ditiru / Kuping = kaku njepiping / Garwa = sigarane nyowo /
                      Wanito = wani ditoto / Kodok = teko-teko ndodok / Gedhang = digeget sak marine madhang.
  • TEMBUNG CAMBORAN
Tembung camboran dibagi dadi loro yoiku ;
1.       Tembung Camboran Wutuh        à yoiku tembung loro kang sepasang kang digandeng dadi siji
Contone : Abot enteng / lanang wadon / Bapa biyung / Bibit kawit / Gagah prakoso / Pancasila / Mahasiswa mahasiswi
2.       Tembung Camboran Wancah     à yoiku tembung kang disingkat lan digandeng dadi siji
Contone : Bangjo = abang ijo / Dewa = gedhe dawa / Pakde = bapak gedhe / Tingwe = nglinting dewe / Tutik = metu titik
v     PARIBASAN / BEBASAN / SANEPA / SALOKA
§         Adigang, adigung, adiguna = ngendelake kekuatane, keluhurane, kepinterane
§         Anak polah bapak kepradah = tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwo
§         Bathok bolu isi madu = wong asor nanging sugih kepinteran
§         Becik ketitik ala ketoro = barang becik lan ala bakal ketoro ing nembe burine
§         Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinten podho nemoni ciloko
§         Cebol nggayuh lintang = kekarepan kang ora mungkin bakal kelakon
§         Demit ora ndulit, setan ora doyan = tansah diparingi slamet ora ono bebaya
§         Eman-eman ora keduman = tiwas dieman-eman malah ora keduman
§         Endhas gundul dikepeli = wis kepenak malah luwih kepenak maneh
§         Esok dele sore tempe = wong kang mencla mencle
§         Gupak pulute ora mangan nangkane = melu rekoso nanging ora melu ngasakno kepenak’e
§         Idu didilat maneh = murungake janji kang wis diucapake
§         Jer basuki mawa bea = sembarang gegayuhan / kepinginan mesti mbutuhake ragat / biaya
§         Koyo banyu karo lengo = wong loro kang ora tau rukun
§         Kebo kabotan sungu = rekoso sebab kakehan anak
§         Kebo nusu gudel = wong tuwo njaluk marang wong enom
§         Kriwikan dadi grojogan = perkoro cilik kang dadi gedhe
§         Mikul dhuwur mendem jero = biso njunjung drajate wong tuwo
§         Nabok nyilih tangan = tumindak olo nanging kongkonan wong liyo
§         Nguyahi segoro = aweh marang wong kang sugih
§         Rawe-rawe rantas malang-malang putung = kabeh barang kang ngalangi bakal disingkirake
§         Rukun agawe santoso, crah agawe bubrah = yen rukun bakal penak, yen tukaran bakale susah
§         Sepi ing pamrih, rame ing gawe = nglakoni penggawean tanpo pamrih / kepinginan opo-opo
§         Sluman slumun slamet = senajan kurang ati-ati nanging diparingi slamet

v     PARAMASASTRA
Tembung jawa dibagi dadi loro yoiku ;
1.       Tembung Lingga (kata asal) à Yoiku tembung sing durung owah saka asale.
Contone : turu, mangan, mejo, buku.
2.       Tembung Andahan (kata jadian) à Yoiku tembung sing wis owah saka asale.
Contone : omahe, tulisane, balekno, mlayuo, bukune
Tembung andahan dikelompokno dadi 5 yoiku :
a.       Tembung Linggo     oleh      ater-ater            (awalan)
o       Ater-aten           (a)        contone : a + tulis          à anulis
o       Ater-ater            (ka)       contone : ka + waca      à kawaca
o       Ater-ater            (dak)     contone : dak + buang à dak buang / tak buang
o       Ater-ater            (ko)      contone : ko + tuku       à kok tuku
o       Ater-ater            (di)       contone : di + jupuk      à dijupuk
b.      Tembung Lingga     oleh      Seselan            (sisipan)
o       Seselan                        (in)        contone : t + in + ugel   à tinugel
o       Seselan                        (um)      contone : t + um + indak            à tumindak
o       Seselan                        (l)         contone : s + l + iwer     à sliwer
c.       Tembung Linggo     oleh      Panambang      (akhiran)
o       Panambang      (i)         contone : gawan + I       à gawani
o       Panambang      (ku)       contone : omah + ku     à omahku
o       Panambang      (mu)      contone : klambi + mu   à klambimu
o       Panambang      (e)        contone : buku + ne      à bukune
o       Panambang      (an)       contone : pangan + an   à panganan
d.      Tembung Rangkep             (kata ulang)
1.        Tembung Rangkep Dwi Lingga
a.           Dwi Lingga Pada Swara     contone : kanca-kanca / ibu-ibu / abang-abang
b.          Dwi Lingga Salin Swara      contone : gonta-ganti / molak-malik / tingak-tinguk
c.           Dwi Lingga Semu              contone : onde-onde / undur-undur / athi-athi / andeng-andeng
2.        Tembung Rangkep Dwi Purwa   contone : Laku - lelaku
3.        Tembung Rangkep Dwi Wasana contone : nyuwek - nyenyuwek
e.       Tembung Camboran          (kata majmuk)
a.           Tembung Camboran Wutuh
Contone à Meja tulis / lanang wadon / endek dhuwur / edi peni
b.          Tembung Camboran wancah / tugel
Contone à Dubang = idu abang / Lunglit = balung kulit / Dhelik = gedhe cilik
v     HOMONIM (tembung siji kang duweni arti akeh)
Arep
Gelem, kate
Kajeng
Arep, kayu
Bleduk
Anak gajah, lebu
Kalong
Arane kewan, suda setitik
Celeng
Babi, wadah dhuwit
Mangsa
Mangan, wektu
Dalem
Aku, omah
Sepet
Kulite klopo, rasa
Dhapur
Pawon, rupa
Pas
Waktu, ora torah
Donyo
Jagat, barang pesugihan
Waja
Untu, wesi
v      PURWAKANTI GURU SWARA
Ana awan ana pangan
Sing salah kudu seleh
Becik ketitik ala ketoro
Inggah inggih ora kepanggih
Witing tresno jalaran saka kulino
Desa mawa cara, Negara mawa tata
v      PURWAKANTI GURU LAGU
Teberi nastiti lan ngati-ati mesti bakal dadi
Wong jejodohan kudu ngelingi babat, bibit, bobot, bebet
v      CANGKRIMAN
Urang sapikul matane piro?
= Ana 6, urang 2, sapi 2, kul 2
Sega sekepel dirubung tinggi apa?
= Salak
Ana tulisan arab, macane teko endhi?
= Teko alas
v      PARIKAN
Wedang bubuk gulo jowo
= Yen wis kepetuk ati lego
Sepet-sepet sawo mentah
= Diempet-empet selak rak betah
Kembang jagung dipetik cino
= Yen wis kadung arep dikapakno
v      WANGSALAN
Jenang gulo kowe ojo lali
( jenang gula = gulali )
v      TEMBANG JAWA
Tembang Jowodibagi dadi telu yoiku :
1.       Tembang Macapat
1. Asmaradana
3. Durmo
5. Kinanti
7. Megatruh
9. Pangkur
2. Dhandang gulo
4. Gambuh
6. Mas kumambang
8. Mijil
10. Pucung
2.       Tembang Tengahan
1. Balabak
2. Girisa
3. Juru Demung
4. Wirangrong
3.       Tembang Gedhe
1. Citra Menggeng
2. Kusumastuti
3. Minta Jiwa
4. Pamularsih
Ø      Guru Wilangan          à Jumlahe suku kata saben sak baris
Ø      Guru Lagu                  à Aksara vocal kang ono ing pungkasane / akhire baris (gatra)
Ø      Guru Gatra                  à Jumlahe gatra saben sapadha / sak bait
PANGKUR
KETERANGAN
Dedunga lawan prayoga
Myang watara reringa aiwa lali
Iku prabot satuhu
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng anendra
Dungo-dungo nora kari
ó Guru Wilangan  = 8, 11, 7, 7, 12, 8, 8
ó Guru Lagu         = a, i, u, a, u, a, i
ó Guru Gatra        = 7 baris

PUCUNG = GAJAH
PUCUNG = PENTOL KOREK
PUCUNG = SEPUR
Bapak pocung
Dudu watu dudu gunung
Sabamu ing alas
Ingon-ingone sang bupati
Prapteng marga
Si pocung lambehan grana
Bapak pocung
Among sirah lawan gembung
Pada dikunjara
Mata sajroning ngaurip
Mijil baka
Si pocung dadi dahana
Bapak pocung
Renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Penclokanmu wesi miring
Sing disaba
Si pocung mung turut kutho












1 komentar:

Komentar